djakalodang Mlebu Premium

Sang Prabu kejot banget panggalihe bareng arep tindak medal ora bisa. Pangandikane Sang Prabu:“Banyak Widhe, iki kapriye lhah kok lawange kemunci. Heh, Banyak Widhe, wengakke lawange, ingsun arep metu selak ora betah ana jero. Banyak Widhe, enggal bukakke lawange, aneng jero sumuk banget”.Krungu pangandikane Sang Prabu mau, Banyak Widhe nuli matur marang Sang Prabu. Kaelokane ature memper...

Geger tawuran antarane warga Ragawangsan lan Jiwanalan dina wingi ora nganti nuwuhake kurban jiwa. Ewadene yen ana sing ketaton utawa benjut-benjut biru erem kuwi aran lumrah. Semono uga ora ana omah sing kelakon dirata lemah. Kabeh kuwi saking limpade wong-wong Jiwanalan kang sacepete ndheseg mundur wong-wong Ragawangsan supaya metu saka jeron desa. Genahe, kelakone tawuran kasebut neng jaban...

Pawarta bab pageblug kuwi kaya patrape angin. Tanpa rupa, tanpa bisa dinyana, ngerti-ngerti niyup ngono wae. Mak wuuus, kabeh kena. Kabeh kesawaban. Kabeh goreh. Kabeh bingung lan susah atine. Wong-wong ora ngerti kudu tumindak kepriye. Kaya patrape wong ketaman lara lan ora bisa mari-mari, kabeh guneme wong banjur digugu. Kabeh dipercaya. Saora-orane kabeh dijajal. Ee, sapa ngerti majras, manjur,...

Wektune isih esuk banget
nalika Pra­mudya wis markir mo­bil ing tepi 
Dhusun Palga­ding ing  Desa
Sinduharjo – Nga­glik – Sleman. Marga papan sing diparani dumu­nung ing tengah
dhusun sing isih sempit dalane. Bo­cah loro 
banjur mung  mla­ku  mlebu dhusun sing du­munung ing sawetan Ja­lan
Kaliurang  - Jogja iku. Liwat dalan
plipiran pinggir kalenan sing banyune be­ning...

Ciyung Wanara arep yasa
gedhong pasanggrahan ing pasisir, kang kinarya saka wesi kabeh, minangka
pisungsung kagem ingkang rama Prabu Sri Siliwangi.Kocap, gedhong wesi
kalampah wus dadi. Sang Prabu bareng diaturi pirsa ingkang putra, bingah banget
panggalihe, rumaos marem dene ingkang putra bisa angyasakake pasanggrahan
gedong saka wesi kang apik banget.



Pangandikane marang...

Kacarita salebare kedadean kang banget nglarani ati ing belik kulon desa wingenane kae, Mendut terus nutup dhiri neng senthong. Lawang dikancing saka jero. Metu senthong yen wis entuk sasmita saka Emban Bening. Kong kalikong. Golek limpene uwong. Jer wong saomah sing diendel mung Emban Bening.Kuwi mau minangka pangejawantahe jiwa kang brontak. Jiwane bocah lumawan dak sawenang-wenange wong tuwa....

Sugihe Simin pancen ngedab-edabi,” grenengku. Iku kagambarake ing omahe kang gedhene ora mekakat. Omah cekli ing pinggir dalan Yogya-Wonosari. Kejaba gedhe, uga endah dening ornamen campuran Jawa-Eropa. Ana cakrik joglo, ana cakrik loji. Ana garasi ing iring kiwa bangunan pokok, katon mobil kaparkir ing kono. Ora mung siji! Biyen-biyene Simin iku wong kere pitulikur. Nanging, wong urip iku kaya...

Ngarepake protelon Pingit tempuke dalan saka Somawana karo dalan Yogya – Semarang gas dilorot, persnelling dipindhah. Mlebu dalan Semarang – Jogjakarta sing arah mengidul mobil diplayokake kenceng. Jarum jam nuduhake  16.15. Pedhal gas dipidak wani.“Ngati-ati lho, Mas!” “He-eh. Nek miturut  tembunge Ashadi Siregar sajrone novel Sirkuit Kemelut,  mlayune mobil iki mengejar senja yang...

“Mamaaaak!!! Mamaaaak!!” Ahmad bengok-bengok sa­­­­­ka jaba karo nangis ngglo­­­lo. “Ngapa Le? Ngapa Le?” Ran­­ti enggal-enggal metu me­thuk­­ake anake mbarep banjur ngrangkuli, di­puk-puk gegere, di­elus-elus sirahe gonta-gan­ti. Adhine, Lutfi lan Anis nyawang ka­kange kang na­ngis mung plenggang plenggong. Suwe-suwe Anis prembak-primbek na­ngis.
“Ngapa Le? Apa...

Ringkese crita kepungkur : Sadawane laku tumuju Gedongsanga akeh crita saka Pramudya gayutan sakehe petilasan purbakala ing laladan Ungaran. Antarane petilasan iku Candhi Asu ing Desa Candhi lan Candhi Kedhungjumbleng ing Gumuk Tegal Lepek, Ungaran iring wetan. Kanggo ngubengi komplek Candhi Gedongsanga, Pramudya karo Diaz banjur padha nyewa jaran tunggangan.
Srengenge sangsaya manglung ngulon....

Crita sakeplasan Alap-alapan Rukmini tetela kawawa ngungkad tekad karekate Kemuda kanggo mujudi katemenaning tresnane marang Mendut. Kelawan nyarug-nyarug lakune dheweke miyak petenging wengi wanci panglong, nubras-nubras nrabas rerungkudan. Jer lakune mula mlipir-mlipir nyebal saka dalan gedhe amrih ora kapranggul ing uwong.
Bareng wis cedhak desa Ragawangsan Kemuda nuli nylingker golek dalan...

Sadalan-dalan, Nazam karo adhine tansah omong-omong¬an. Crita werna-werna kanggo nglipur ati. Ora suwe lakune wis mle¬bu wilayah Jambi. Akeh masarakat sing ngadeg jejer ana pinggir dalan kang diliwati Nazam lan Gajah Putih sing ayu.
Pangeran saka negara Siam uga seneng, nalika rawuhe Sang Prabu Nazam dikantheni Gajah Putih lan pitik jago sing wulune abang. Pangeran gage mapag kanthi esem...

Sang Rekyana Patih banjur munjuk atur ana ing ngarsane Sang Prabu. Wusanane Ciyung Wanara kalampah disowanake ana ing ngarsane Sang Prabu. Sawise didangu akeh-akeh lan dilarah-larah. Sang Prabu nembe anggrahi-ta lan emut marang lelakon ing jaman kang wus kapungkur, katon ngalela gumawang ing tlapukaning netra.
Ciyung Wanara ora dikapak-kapakake, malah banjur kapundhut putra angkat lan kawisudha...